Teks Eksposisi Gamelan
Materi Basa Jawa Kelas XII Smt 1 Gamelan Gamelan iku salah sijine seni musik tetabuhan tradhisional aseli saka Indonesia utamane ing pulo Jawa, Madura, Bali lan Lombok. Tembung gamelan iku asale saka basa Jawa yaiku "gamel" kang duwe makna "tabuh". Isi gamelan iku saprangkat piranti musik sing dienggo ngiringi tembang, utawa ditabuh tanpa tembang minangka klenengan. Gamelan duweni melodhi kang magis utawa nduwe daya supranatural, mula swarane gamelan diarani melodi utawa wirama perkusi kang magis. Gamelan kalebu perangan ing kabudayan Jawa. Ing Jawa gamelan biyasane kanggo musik pangiring pagelaran wayang kulit utawa ringgit, tari, uyon-uyon. Jinise laras ing gamelan ana loro yaiku laras pelog lan laras slendra. Saben set gamelan nduweni instrumen kanggo laras pelog lan slendra. Salah siji jenise gamelan yaiku gamelan Jawa, ing ngisor iki jelasake gamelan Jawa. Gamelan Jawa Gamelan Jawa yaiku musik kang cinipta saka paduan swara gong, kenong, lan alat musi...