Cerita Wayang lan Cara Nulis Sipnosis
MATERI BASA JAWA KELAS X SMA Smt 1
Urut-urutanne nulis sipnosis :
Pitutur Luhur ing Cerita Wayang
Wayang dumadi saka tembung ''yang'' utawa ''hyang'' antuk ater-ater wa. Tegese roh kang biasa gawe beja cilakaning manungsa. Wayang iki gegambaran watak lan jiwaning manungsa.
Gatekna pethilan teks wayang ing ngisor iki!
Dewi Kunthi
Miturut kitab Mahabarata, Dewi Kunthi uga sing diarani Kunthinalibranta lan Dewi Prita, yaiku kalebu putrising kepilih. Dewi Kunthi ngewujudake keturunan keluarga Yamada, putri Prabu Basukunthi, Raja ing Mandura. Dewi Kunthi duweni sedulur, yaiku Arya Basudewa, Arya Prabu Rukma, lan Arya Ugrasena.
(crita bacute bisa kawaka ing Kabeh Bisa Basa Jawa, kaca 92-94)
Shinta Kadhusta
Pegat, apisah, Rama lan Shinta, kidang kencana tanggap ing sasmita, hangedering cancut mlajeng lumebeng wana, saya hanengah, saya lebih, denira apepisahan kalawan garwa mayangsari.
Ngancik telenging wana, peteng ndhedhet lelimengan, ical lacaking kidang, sapandurat kumlebet katingal kidang kencana heleledhang, Rama sigra hangembat gendhewa, menthang langkap, wastra lumepas, hangener dening kidang, tumancep warayag mring hangganing kidang sangsam kencana, gumlundhung pejah kasulayah, eloking kahanan, sareng gumalundhuning kidang kapiyarsa swara dumeling, Marica hangemba-emba suwaranipun Rama, jelih-jelih asesambat mring arinta laksmana.
(crita bacute bisa kawaka ing Kabeh Bisa Basa Jawa, kaca 95-96)
Tuntutan ing teks duwur
- Tuntutan ing teks wayang Dewi Kunthi, yaiku manungsa kudu bisa ngugemi janji, luwih becik manawa urip ayem tentrem nengenake paseduluran.
- Dene tuntunan ing teks wayang Shinnta Kadhusta, yaiku manungsa aja gampang kapilut, kudu ngugemi.
Perangan ing teks duwur
Paraga Dewi Kunthi nduweni watak kang welas, asih, lan tresna semana uga watek Shinta.
Sipnosis wayang
Urut-urutanne nulis sipnosis :
- Maca naskah asli dhisik kanggo mangerteni kesan umum penulis.
- Nyatet gagasan utama kanthi nggaris ngisor gagasan kang wigati/penting.
- Nulis ringkesan sing wis dicatet mau, banjur tulisen ngaggo ukara kang cekak, gamblang, efektif miturut crita asline.
- Dialog lan monolog paraga cukup ditulis utawa garis besare wae.
- Sipnosis cerkak ora kena mimpang saka lakune crita lan isi crita cerkak asline.
Kapetik saka Gegaran Nyinau Basa Jawa 1 kelas X SMA/SMK/MA, kaca 57-58
Sangat membantu, makasih qaqa😁
BalasHapusGaaguna
BalasHapusKereeennn chingu-ya
BalasHapusYang punya blok bucinya kuanlin🤣
BalasHapus👍
BalasHapusMatur suwun sanget
BalasHapusMantap kaka
BalasHapus👍
BalasHapus😍
BalasHapusSangat bermanfaat sekali
BalasHapusBagussss banget
BalasHapusAlhamdulillah Sangat membantu
BalasHapusSangat membantu
BalasHapusGumawo👍
BalasHapusMatursuwun
BalasHapusTerbantu
BalasHapusTerbantu
BalasHapusKeren parah
BalasHapusKeren parah
BalasHapusUnch unchh
BalasHapusSangat membantu👍👍
BalasHapus