Tembung Yogyaswara, Entar, Rura Basa,.....
Materi Basa Jawa Kelas X SMA Smt 1
Kawruh Kagunan Basa : Yogyaswara, Entar, Rura Basa,...
Tembung Yogyaswara
Tembung Yogyaswara, yaiku rong tembung kang tulisan apadene pakecape meh padha, dianggo bebarengan, lan nduweni teges lanang-wadon. Dene bedane yaiku wanda wekasan :
- tembung kang ngarep mawa vokal ''a''
- tembung kang mburi mawa vokal ''i''
Tuladha :
- Bathara-Bathari
- Widara-Widari
- Dewa-Dewi
- Hapsara-Hapsari
Tembung Entar
Tembung Entar tegese silihan, yaiku tembung kang nduweni teges ora salugune. Tembung entar nduweni isi kang geseh karo tetembungane (gadhah teges kiyas).
Tuladha :
- Gedhe endhase : gumedhe (sombong)
- Ketul pikire : bodho
- Lobok atine : ora gampang muring, sabar
- Jembar segarane : seneng menehi pangapura
- Lunyu ilate : guneme mencla-mencle
- Tipis lambene : seneng nyatur wong
- Udan tangis : akeh wong pada nangis
Tembung Rura Basa
Rura asale saka tembung ''rurah'' kang tegese rusak utawa bubrah. Rura basa yaiku, basa kang wis rusak utawa bubrah, amarga ora ketemu nalar. Rura basa iku basa kang salah, ning wis kabacut lumrah.
Tuladha :
- Adang sego : adang beras kanggo gawe sego
- Godhog wedang : godhog banyu kanggo gawe wedang
- Nguleg sambel : nguleg lombok, brambang, bawang kanggo gawe sambel
- Ndeplok gethuk : ndeplok pohong dadi gethuk
- Mbunteli tempe : mbunteli dhele digawe tempe
Tembung Panyandra
Panyandra asale saka tembung ''candra'' kang nduweni teges wetunan kaanan wewujudan sarana perpindhan. Kang diutamake ing panyandra iku gegambaraning kaendahan kang kawengku ing samubarang kang dicandra. Panyandra meggah kabergasaning badan.
Tuladha :
- Rambute ngombak banyu
- Drijine mucuk eri
- alise naggal sapisan
Tembung Pepindhan
Pepindhan yaiku tetembungan kang ngemu isi irib-iriban utawa emper-emperan. Padha karo kekarepan karo kaya, kadi, kadya lir, pendah.
Tuladha :
- Lakune kaya macan : alon mlakune
- Rukune kaya mimi lan mintuna : gelut terus
- Suwarane kaya bledheg : suarane lirih
Kapetik saka Gegaran Nyinau Basa Jawa 1 kelas x sma/smk/ma
https;//didikcn.blogspot.com/2015/11/kawruh-kagunan-basa-html?m=1
Hebat
BalasHapusHebat
BalasHapusHebat
BalasHapusMantul
BalasHapusMantul
BalasHapusAssalamualaikum
BalasHapusMantab
BalasHapusMantap mantap
BalasHapusMakasih Infonya
BalasHapusTerpaksaaa😌
BalasHapusSangat membantu👍
BalasHapusMantep slur
BalasHapus